AJUR
Kanca.,.
Menawa donya iki kebak rerusuh
Wong padha kerah, gelut, congkrah
Rasane sumpeg, sumuk, seseg
Lungkrahh,.
Nuwuhake bangsa rusak, bubrah, ajur
Kanca.,.,
Lamun jagad iki kakeyan kucing benthik karo tikus
Kaya akeh asu rebutan balung
Kapan ana katentreman
Kebak kesenengan, ora ana tetangisan
Ora ana getih mili mblabar
Kepan donya iki kebak guyu?
Nanging, dudu guyu pahit,
Utawa esem kang kablinger
Tidak ada komentar:
Posting Komentar