KREWENG
Nasibmu kang suwe dijur-jur dening kahanan
Mung kanggo dolanane jaman
Ndadeni urip saya abot
Kang nyangga sesanggan
Gawe butheke atiku
Kreweng.,.
Sliramu kaidak-idak dening rodhane wektu
Bali maneh menyang dunungmu
Wis ora bisa ngeyupi sapadha-padha
Njalari donya iki dadi panas sumelet
keterangan : pernah dimuat di Koran Kedaulatan Rakyat 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar